Kamis, 17 Agustus 2017

Wayangane Suwargo Ndunyo


Ilustrasi


Suket-suket, pelataran ijo, dadi soko-soko wesi lan wojo.
Lemah abang munggah pangkat dadi boto.
Bendong kali munggah pangkat dadi ganjel lan tumpange oro-oro.

Padang oro-oro kebak umah gedong, gumede anggayuh langite dunyo.
Bumi tambah mlesek di incak-incak yutonan menungso.
Wangang lan kali asat mergo tanduran kayu lan alase di pruwoso.

Kewan mati ngelak-ngeleh mergo pabrek wedang lan panganan menungso.
Ndunyo njerit ndelak-ndelak diorak-arik seng ndue wenang lan kuwoso.
Bumi soyo rusak, soyo ngadoh wayangane suwargo.


* Sumber gambar ilustrasi: Google Image



Baca artikel lainnya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar